BAB I
PURWAKA
A. Dhasaring Panaliten
Unggah-ungguh menika sambet kaliyan tata basa lan tata krama. Tata basa wonten gegayutanipun kaliyan kados pundi anggenipun migunakaken Basa Jawi ing masarakat. Tata basa menika ugi wonten sambetipun kaliyan caranipun ngormati tiyang sanes kanthi migunakaken basa ingkang leres wonten ing komunikasi. Wondene tata krama gegayutan kaliyan caranipun ngormati tiyang sanes sarana tingkah laku lan tindakan.
Menawi tiyang Jawi menika ngormati tiyang sanes menika awrat sanget. Tiyang Jawi ingkang saestu menika ngetingalaken sanget tata kramanipun ingkang sae. Menawi kepanggih kaliyan tiyang sanes ugi sami aruh-aruh. Aruh-aruh menika kangge tiyang Jawi saget nuwuhaken silaturahmi ugi nambahi raos pasedherekan.
Menapa dene tumrap Mahasiswa Basa Jawi menika kedah ningkataken raos pasedherekan ugi sami ngurmati kaliyan sanes. Menawi kepanggih kaliyan kancanipun utawi dosen, kedahipun sami aruh-aruh supados ketingal akrab lan raos pasederekanipun ugi dados ketingal sae.
Ananging samenika kathah mahasiswa menawi kepanggih kaliyan sanesipun mboten sami aruh-aruh, dados mboten ketingal Jawinipun. Ketingalipun samenika menawi kepanggih kaliyan sanes kados ethok-ethok mboten mangertos ugi mboten sami aruh-aruh. Dados samenika antawis adi tingkat kaliyan ingkang langkung inggil sami mboten tepang, amargi raos paseduluranipun kirang.
Saking perkawis menika, panaliti badhe naliti perkawis ing nginggil babagan menawi mahasiswa basa Jawi kepanggih kaliyan kancanipun.
B. Fokus Perkawis
Saking dhasaring panaliten menika saget dipundudut fokus perkawisipun, inggih menika babagan kados pundi tata krama mahasiswa Basa Jawa menawi kepanggih kaliyan kanca?
C. Ancasipun Panaliten
Saking fokus perkawis ing nginggil, panaliten gadhah ancas inggih menika ngandharaken tata krama Mahasiswa basa Jawa menawi kepanggih kaliyan kancanipun.
D. Paedahipun Panaliten
Saking panaliten menika kaajab saged nyaosi paedah inggih menika supados saget mangetosi tata kramanipun Mahasiswa basa Jawa menawi kepanggih kaliyan kancanipun
BAB II
GEGARAN TEORI
1. Unggah-ungguh
Unggah-ungguh menika sambet kaliyan tata basa lan tata krama. Tata basa wonten gegayutanipun kaliyan kados pundi anggenipun migunakaken Basa Jawi ing masarakat. Tata basa menika ugi wonten sambetipun kaliyan caranipun ngormati tiyang sanes kanthi migunakaken basa ingkang leres wonten ing komunikasi. Wondene tata krama gegayutan kaliyan caranipun ngormati tiyang sanes sarana tingkah laku lan tindakan. Dados unggah-ungguh basa menika sambet kaliyan tata basa lan tata krama.
Miturut Endah Kuswa (2008: 64) Tata krama utawi adat sopan santun utawi asring dipunwastani etiket sampun dados peranganing pagesangan. Tata krama inggih menika tata cara utawi aturan ingkang nurun-temurun ingkang ngrembaka wonten ing salah satunggaling kabudayan masyarakat ingkang ngatur bebrayan. Tata krama ngemot nile-nile ingkang dipunginakaken wonten ing satunggaling papan panggenan utawi tlatah. Awit saking menika, tata krama suku bangsa ingkang satunggal temtu beda kaliyan suku bangsa ingkang sanes. Dados tata krama menika paugeran ing salebeting lambahan bebrayan.
2. Etika
Tembung etika saking basa Yunani “ethos” (wujud tunggal) ingkang nggadhahi teges ingkang maneka warni, antawisipun kebiasaan, adat, pangraos, ugi tumindak. Menawi wujud jamak saking “etha” ateges adat kebiasaan.
Wonten ing KBI (Dalam Kamus Besar Bahasa Indonesia) ingkang enggal (Dikdibud, 1988) tembung etika dipunandharaken kanthi 3 pangertosan, inggih menika:
a. Ngelmu babagan menapa ingkang sae ugi ingkang awon, sarta hak saha kewajiban moral (akhlak).
b. Azas-azas utawi nilai ingkang gandheng rentengipun kaliyan moral (akhlak).
c. Nilai babagan ingkang sae ugi ingkang awon ingkang dipunpitadosi dening satunggaling masyarakat.
3. Kepanggih
Miturut Kridalaksana Harimukti (2001: 5) ngandharaken bilih tingkat tutur basa Jawa maparaken tingkat kesopanan, keformalan lan keakraban ingkang beda. Prinsip kurmat ngandharaken bilih tiyang menika anggenipun micara kedah ngginakaken tumindak ingkang kurmat kaliyan tiyang sanes, ingkang trep kaliyan drajat lan papanipun. Menawi tiyang Jawi menika wonten kebiasaan ngeruhi tiyang lan sami wicantenan, ananging menika mesthi dipuntrepaken kaliyan drajatipun. Menawi lawan wicantenanipun nggadhahi drajat utawi pangkang ingkang inggil menika dipunsebat kanthi istilah senior, menawi langkung ngandhap menika dipunsebat kanthi istilah yunior. Utawi menawi tiyang jaler ingkang sampun sepuh menika saget dipunsebat kaliyan mbah utawi pak. Menawi yoswanipun sami utawi taksih sadrajat menika saget dipunsebat kaliyan kang. Istilah-istilah kasebat dipuntrepaken kaliyan kedudukan sosialipun, menawi langkung inggil kedudukanipun mila langkung sepuh ugi anggenipun nyebataken, lan sewalikipun. Menawi tiyang jawi menika anggenipun wicantenan, menawi tiyang ingkang langkung inggil drajatipun menapa tiyang ingkang dipunkurmati menika biasanipun ngginakaken basa krama, ananging menawi kekancan menika ngginakaken basa ngoko ( Endah Kuswa, 2008: 13-14 ).
BAB III
CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Panaliten menika kalebet panaliten kualitatif, Miturut Bogdan & Taylor lumantar Moleong (1989: 3), ngandharaken bilih:
Peneitian kualitatif ini dapat didefinisikan sebagai prosedur Penelitian yang menghasilkan data deskriptif , yang berupa kata-kata tertulis atau lisan dari orang-orang atau perilaku yang diamati. jadi dalam penelitian ini dilakukan pengamatan dan penelitian secara langsung ke lapangan untuk mendapatkan data deskriptif.
Saking pamanggih ing nginggil saget dipundudut bilih bilih metode kualitatif minangka prosedur panaliten ingkang ngasilaken data deskriptif, awujud tembung-tembung seratan utawi lesan, tiyang saha tumindak ingkang saged dipunamati. Jumbuh kaliyan pamanggihipun Kirk saha Miller (lumantar Moleong, 2009:4) ngandharaken bilih panaliten kualitatif minangka tradisi tartamtu wonten ing seserapan gumantung saking pengamatan manungsa.
Ancasing panaliten deskriptif kualitatif dipunginakaken wonten ing panaliten menika, kangge mangertosi sarta ngandharaken babagan tata kramanipun Mahasiswa basa Jawa menawi kepanggih kaliyan kancanipun.
B. Data saha Sumber Data Panaliten
Data wonten ing panaliten menika dipunpendhet saking catetan lapangan menawi saweg observasi. Sumber data wonten ing panaliten inggih menika katrangan saking tiyang-tiyang ingkang dipunsuwuni pirsa sarta sumber-sumber sinerat, utawi dokumen sanes ingkang wonten gayutanipun kaliyan subjek panaliten. Data wonten ing panaliten inggih menika data ngengingi persepsi saha kapitadosan tata kramanipun mahasiswa basa Jawa menawi kepanggih kaliyan kanca.
Data saha sumber data ingkang badhe dipunpendhet saking persepsi lan kapitadosan tata kramanipun Mahasiswa basa Jawa menawi kepanggih kaliyan kanca lumantar catetan sinerat, foto, wawancara, sarta saking asiling pengamatan panaliti wonten papan panaliten.
C. Pirantining Panaliten
Wonten ing panaliten menika instrumen ingkang baku dipunginakaken kangge ngempalaken data inggih menika panaliti piyambak utawi minangka human instrument, wondene piranti ingkang biyantu wonten ing panaliten menika kangge nyengkuyung instrumen ingkang baku kala wau. Piranti-piranti ingkang biyantu panaliti wonten ing panaliten inggih menika:
1. Kamera digital, kangge mendhet gambar
2. Perekam audio, kangge ngrekam nalika ngawontenaken wawancara
3. Buku cathetan, kangge nyatet menapa kemawon ingkang dipunprangguli wonten ing papan panaliten.
D. Caranipun Ngempalaken Data
Panaliten menika anggenipun ngempalaken data ngginakaken cara observasi berpartisipasi lan wawancara mendalam. Observasi berpartisipasi inggih menika observasi ingkang langsung ngamati kagiyatan wonten papan panaliten. Ngandharaken kasunyatan wonten ing papan panaliten menika.
Wawancara mendalam menika wawancara ingkang dipunasilaken saking tiyang ingkang wonten gayutanipun kaliyan ingkang badhe dipuntaiti.
E. Caranipun Nganalisis Data
Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika analisis induktif, ateges analisis data ingkang spesifik saking lapangan dipundadosaken unit-unit lajeng dipunkategorisasikaken (Muhadjir, 2000:167). Analisis induktif dipunginakaken kangge mbiji lan nganalisis data ingkang sampun dipunfokusaken ing panaliten. Lampahing analisis dipunwiwiti kanthi nelaah data jumbuh kaliyan wosing perkawis ingkang sampun cumawis saking pengamatan langsung, wawancara mendalam ingkang sampun dipunserat ing salebeting cathetan lapangan, gambar, foto lan sapanunggalanipun
F. Cara Ngesahaken Data
Panaliten menika anggenipun ngesahaken data ngginakaken cara triangulasi. Cara triangulasi ingkang dipunginakaken inggih menika teknik teriangulasi sumber lan metode. Wonten ing panaliten menika, triangulasi sumber dipunlaksanakaken kanthi mbandingaken menapa ingkang dipunaturaken informan setunggal lan sanesipun ing salebetipun pirembagan. Wondene teknik triangulasi metode dipunlaksanakaken kanthi cara mbandingaken data asiling panaliten kaliyan data asiling wawancara utawi cara anggenipun ngempalaken data gandha, ingkang antawisipun arupi pengamatan, pirembagan lan analisis dokumen.
BAB IV
PEMBAHASAN
A. Tata Kramanipun Mahasiswa Basa Jawa menawi Kepanggih Kaliyan Kancanipun
Samenika kathah mahasiswa menawi kepanggih kaliyan sanesipun mboten sami aruh-aruh, dados mboten ketingal Jawinipun. Ketingalipun samenika menawi kepanggih kaliyan sanes kados ethok-ethok mboten mangertos ugi mboten sami aruh-aruh. Dados samenika antawis adi tingkat kaliyan ingkang langkung inggil sami mboten tepang, amargi raos paseduluranipun kirang. Menika jumbuh kaliyan andharanipun salah satunggal mahasiswa basa Jawa lumantar observasi wawancara bilih :
Lha nggih, ananging nggih menawi ditingali mboten kepenak, masa kita tiyang jawi kados menika, ngisin-ngisinake ta?, ananging nggih samenika tumintak kados mekaten sampun awis-awis dipun lampahi dados antawis adi tingkat kaliyan ingkang inggil mboten sami tepang.
Saking andharan menika ketingal sanget menawi Mahasiswa Basa Jawa sakmenika awis-awis anggenipun aruh-aruh kaliyan sanes, dados antawis Mahasiswa menika sami mboten tepang. Tumindak ingkang leres menawi kepanggih kaliyan kanca sajatosipun aruh-aruh kaliyan wicantenan rumiyen, supados antawis mahasiswa menika ketingal sanget raos pasederekanipun. Tumindak menika katingal kados tata krama Mahasiswa menawi kepanggih kaliyan kanca lumantar foto nalika observasi:
Gambar 1
Saking foto ing nginggil menika sampun leres bilih Mahasiswa Basa Jawa menika menawi kepanggih kaliyan kancanipun salaman rumiyin kaliyan ngaturaken salam kadosta assalamualaikum, sugeng enjang, sugeng siang lan salajengipun.
Gambar 2
Saking foto ing nginggil menika sampun leres bilih Mahasiswa basa Jawa menika menawi kepanggih kaliyan kanca menika sasampunipun salaman kaliyan ngaturaken salam lajeng wicantenan, wonten babagan wicantenan menika ingkang dipunwicantenake menika mboten tebih-tebih saking papan panggenan. Wonten foto ing nginggil menika ketingal bilih ingkang dipun wicwntenake menika babagan buku ingkang dipunasta Mahasiswa ingkang sisih tengen.
B. Tata Krama ingkang Leres Menawi Mahasiswa Basa Jawa Kepanggih Kaliyan Kanca
Sampun katingal sanget anggenipun Mahasiswa basa Jawa menawi kepanggih kaliyan kancanipun menika kirang trep. Tata krama ingkang leres menawi Mahasiswa basa Jawa kepanggih kaliyan kancanipun kados menika:
1. Salaman, menawi kepanggih kaliyan kancanipun utawi tiyang sanes langkung sae menika salaman rumiyen.
2. Salam , sasampunipun salaman lajeng ngaturaken salam, kadosta assalamualaikum, sugeng enjeng, sugeng siang lan salajengipun.
3. Wicantenan, wicantenan menika ngandaraken utawi wicantenan ingkang diperlukaken kemawon, anggenipun wicantenan ugi mboten tebih-tebih saking papan.
BAB V
PENUTUP
Dudutan
Unggah-ungguh menika sambet kaliyan tata basa lan tata krama. Tata basa wonten gegayutanipun kaliyan kados pundi anggenipun migunakaken Basa Jawi ing masarakat. Tata basa menika ugi wonten sambetipun kaliyan caranipun ngormati tiyang sanes kanthi migunakaken basa ingkang leres wonten ing komunikasi. Wondene tata krama gegayutan kaliyan caranipun ngormati tiyang sanes sarana tingkah laku lan tindakan.
Kangge Mahasiswa basa Jawa menika unggah-ungguh menika ugi penting sanget, mliginipun menawi kepanggih kaliyan kancanipun. Kepanggih kaliyan kancanipun ugi wonten unggah-ungguh utawi tata krama ingkang leres.
Unggah-ungguh utawi tata kramaingkang leres menawi Mahasswa kepanggih kaliyan kancanipun menika salaman lajeng ngaturaken salam, lajeng sasampunipun ngaturaken salam wicantenan ananging anggenipun wicantenan mboten tebih saking papan.
KAPUSTAKAN
Endah, Kuswa. 2008. Diktat Etika Jawa. Yogyakarta: Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta.
Kridalaksana, Darimukti, dkk. 2001. Wiwara Pengantar Bahasa dan Kebudayaan Jawa. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama.
Moeliono, Anton. 1995. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta : Balai Bahasa.
Moleong, J. Lexy. 2009. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung : PT Remaja Rosdakarya Bandung.
Muhadjir, Noeng. 2002. Metodologi Penelitian Kualitatif Edisi IV. Yogyakarta : Rake Sarasin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar